Jumat, 09 Juli 2010

Gurit Sampur Kuning Gading

nimas, lilakna sampur kuning gading kuwi
rinegem tangan kebak lendhut bacin iki
najan dong-dinge irama aku ora pana
bakal dakgelar beksan agung tanpa wedhak-pupur
lilakna sampur kuning gading kuwi
kumalung ing pundhak bungkuk iki
najan sikilku ora kuwagang kanggo trisik-menthang
bakal daksuguhake beksan agung tanpa sapit urang

Kasongan, Juni 2008

Tidak ada komentar: