duh ibu, manawa nganti titiwanci saiki
aku durung gelem mulih ngomah
kuwi ora ateges aku kelangan tresnamu
iki dudu perkara bekti lan durakaning anakmu
nanging sakpungkure prahara lindhu gedhe ana
aku, anakmu lanangmu iki, kaya kelangan pomah
kelangan crita-crita kang tansah rinajut
saka wiwit cengere tangis bayi
nganti lumaku ngancik ngagor-agore swara
mbok, ana rasa kapang kang dak simpen
nanging nalika sikilku jumangkah menyang omah
kaya ana tangan pengkuh kang nggodheli
nganti aku, anak lanangmu iki, keplantrang-plantrang
urip separan-paran, njajah jiwa milang ati
pengin ngudi dununge urip kang sejati
Ponorogo, Juni 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar