Jumat, 09 Juli 2010

Palaran Marang Penggurit Jawa Anyar

dak petik gurit abang iki saka tumetese bun ing pucuk jati
nalika bagaskara mesem nuhoni prasetyane
ampake pedhut sumiyak hawa atis kekejer ing sesuketan
kupu putih jejogetan mapag tekane jaman anyar


guritan iki dak tulis kanggo kadang penggurit
kang tuhu ngrukepi jantrane sastra jawa
iki wis mancine sastra jawa ora mung bisa ngethutake kahanan
jaman wis ganti, wis titimangsane sastra jawa
kudu melu nuntun lakune jaman
ngobahke pecut nalika ubenge roda seret
ngingerake yen lakune mlenceng pranatan
mekak yeng jangkahe kebablasen

iki wis jamane sastra jawa pasang siyung marang penguwasa
guritan-garitanmu rakiten dimen bisa kaya kumlesate thathit
dimen bisa kanggo ngobong atine penguwasa
kang kudune ngayomi malah ngeyomi kawulane
guritan-guritanmu dadio bayu kang bening
dimen bisa kanggo mbasuh atine wong kesrakat

iki wis ora jamane sastra jawa kebak tembung-tembung lamis
guritan-guritan panglipur wuyung, guritan-guritan kebak sambat
guritan-guritan kacangan kang mung kanggo golek aleman
guritan-guritan kopong kang mung kanggo golek rai penggedhe
guritan-guritan pangalem kang kebak tetembungan goroh
kanggo ngathel proyek pemerintah
wiwit wengi iki buwangen neng pawuhan

hai para kadhang penggurit, sing ngaku ngrungkepi sastra jawa
mumpung padhang rembulane, mumpung jembara kalangane
ayo asahe tetembungan ing guritan-guritanmu
dimen bisa kanggo mapras dalan-dalan bebener
kang saksuwene iki katutup bebondhotane manungsa awatak kewan

Kasongan, Juni 2005

Sakwijine Dina Ing Sasi Juni

merga pandoming wektu tangeh bisa diunthir maneh
tangis panggetunmu cetha ora ana pigunane wektu iki
ora perlu rebut bener pamer rosane panuding tangan
mula iki wektu kudu gelem natagi kanyatan
nggundhuh pakarti lelumban ing samodra katresnanmu
nganti panyurunge nepsu-brai kaliwat wates


merga jangkahe laku-sejarah urip tangeh diinger maneh
mula munthes cikal-bakal kang sumimpen ing garbamu
cetha mung nambah etungan dosa ing peteng telenge atimu


Kasongan, Juni 2005

Gurit Mangsa Ketiga

reronceng rasane watu ing langit kapitu
satuhu ngreksa sadaya rekasa lir sumurube tirta welas
tanpa wates ing sadawan-dawan pepengetan
ananging godhong-godhong pada garing
para atmaja kelangan bapa biyunge
tirta welas saiki wus tanpa tilas
kang dadi pepengin dudu angin saka segara
wushh, watu-watu gawe tatu amarga
wujude saprene ajur mumur salandep pucucuke keris
ngiris sakabehe asta widadari asmara suci

Kasongan, 18 Februari 2008

Gurit Udan Tengah Wengi

-- kagem jama'ah maiyah


langit padhang kang mung sakeplas
dumadakan pecah ginuyur banyu udan
wekasan sewu malaikat kaya tumurun
ngupeng kanthi pacak baris rentep
nalika atusan ati klebus dening shalawat
gurit tresna marang kanjeng nabi manjilma payung
najan garis-garis udan ora dadi mingset
nanging kupengan handrawina iki ora dadi kembo
: sholatullah salamullah, sholatullah 'alaika ya nabi

Kasongan, 18 Februari 2008

Nalika Mbulan Kinupeng Mega

pucuking godhong pring wulung mung tumalung
amem, ora ana angin nalisik saka ereng gunung
walang lan jangkrik bungkem, sepi nunjem ati
nalika mbulan sing kudune purnama kinupeng mega
kaya pengin aweh sasmita marang duhkitane jiwa iki


yayi, sliramu ora perlu ngerti menawa wengi iki
ana tangisku kang kasimpen ing pojok langit
senajan lirih nyebut jenengmu, nanging pecahing tangisku
ora amerga aku ngetuni cabare katresnanmu
nanging aku rumangsa manawa gusti
kaya pengin melehake marang kabeh pepinganku
kang saksuwene iki tansah dak umbar parisuka

Kasongan, 18 Februari 2009

Gurit Ati Njlarit

gumelare sesawahan kuning gemrining
jinaga pengkuhi merapi ing lor nagara
dalan-dalan kebak wit-wit manglung
esem sumber ing pojok lurung
: nanging kuwi saiki mung dadi impen

nalika kali-kali kelangan kedhunge
sawah-sawah linepit dadi pomahan loji
suara manuk ing wayah esuk dadi ilang
kaganti gumrengenge mesin ngebaki kuping
alas jati kari tunggak-tunggak growong
: ana rasa getun njlarit jroning ati

Kasongan, November 2007

Gurit Saka Pojok Dalan

praupane kusem, rambute kumel
penganggone pating sruwel
kathi lelagon tanpa metung wirama
bocah cilik kuwi nyadhongke asta
dhuwit receh tansah diarep-arepake
saka ngisore lampu abang-ijo

mbokmana awake dhewe pengin nesu
saben ndina nemoni bocah kuwi ing pojok dalan
nanging apa pantes deweke nampa salah
jalaran sejatine bocah kuwi uga ora pengin
saben ndina pepanasan kanggo golek pangan

Kasongan, November 2007