ora ana kang padha ngerti saka ngendi parane
ngerti-ngerti pating bleber lan kekiter ing angkasa
marang laron-laron kae aku pengin takon
wangsit apa kang mbok impit saka langit
ora ana kang padha ngerti nalika swiwine mbrodhol
apa kang digoleki laron-laron kanthi reruntungan
mlaku ngambus-ambus bokonge kancane
ora ana kang padha ngerti nalika gerimis wis rep
menyang ngendi para lungane laron-laron banjure
sing ketinggal mung pating bledher swiwine
ngebaki lemah-lemah kang isih teles kebes
: laron kaya ora jeleh nggawa sasmita
Kasongan, Juni 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar